bks
Cuk !
Alhamdulillah tahun anyar iki aku isok prei rodok suwe gak koyok biasane malem tahun anyar sing dhisik-dhisik biasane direpotno karo kerjoan kantor yo iku aku mesti kenek bagean jogo biasa mergo perusahaan nang nggone aku kerjo pancen dituntut ngelayani langganan sing bener-bener apik.

Ketepak'an tanggal 01 Januari 2010 aku onok urusan keluarga nang kutho suroboyo sing kudu tak marekno , dadi pas tgl. 01 januari 2010 aku kudu budhal nang kutho suroboyo . malem tahun anyar sengojo aku nang omah ae toh sesuk'e aku budhal nang Suroboyo , wengi iku tak gawe mbukak facebook, eh lha dalah gak yongko aku moco update statuse salah sijine konco kantor, nang kono koncoku iku mromosino BAKSO ENDASE SAPI , langsung aku mbengok sing tak gawe guyonan, gak ngertine koncoku mbalesi temenan , sak marine podho bengok-bengok'an nang fb akhire koncoku ngomong lek sing dodol bakso endase sapi iku dewek'e, terus wektu iku dewek'e nyempatno ngundang aku dikongkon mampir nang dodolane ambek dikongkon ngincipi BAKSO ENDASE SAPI sing didol dewek'e , panggonane onok nang  FOOD COURT LT 3 ROYAL PLASA - SUROBOYO, gak kesuwen langsung tak terimo undangane iku mergo aku mikir panggonane gak adoh ambek nggon sing tak parani sesuk .
Gak kakean cerito pas tgl. 01 Januari 2010 aku budhal nang  Kutho suroboyo ambek mbayangno dino iku aku arep mangan BAKSO ENDASE SAPI, sak marine urusan beres aku langsung mampir nang ROYAL PLASA tekan kono sempat tolah toleh nggoleki, gak suwe aku kepethok koncoku iku omong-omong dhiluk terus aku digawakno pegawene sak mangkok Bakso, gak kanggo kakean omong tak badog baksone, eeh . . .diancuk ... aku rodok kaget mergo roso BAKSOne uenak, baksone koncoku iku pancen seje ambek Bakso liyane, BAKSO ENDASE SAPI duwek'e koncoku iku roso daging endas sapine kroso nemen opo maneh gorengane roso iwak'e gurih nemen. gak rodok suwe sak mangkok bakso wis pinda nang njero wetengku lego rasane, terus sak marine aku mbadog bakso, koncoku cerito kenek opo kok ujug-ujug dodolan bakso. Ngomong ngalor ngidul pungkasane koncoku njaluk tanggapan yok opo roso baksone, terus tak jawab ueenak tenan timbangane roso bakso sing wis tau tak badog,  gak lali aku ngekek'i saran kanggo kemajuane dodolane. Ok njumbuhno karo judul tulisan iki aku bersyukur isok ndelok koncoku dodolan bakso dewe, sak temene dodolane iku isok dijagakno. terus sing pasti  nang dino pisanan  tahun anyar 2010 aku nemokno / ngrasakno BAKSO ENDASE SAPI sing rosone seje timbangane roso bakso liyane. Entek-entek'ane aku mek isok ngomong " Ocriit Wak mugo-mugo sukses" Suwun BAKSO ENDAS SAPI ne.
Salah sijine artis indonesia sing pas mbadog BAKSO ENDASE SAPI duwek'e Wak Cham.Bakso Endase Sapi sing onok nang FOOD COURT LT 3 ROYAL PLASA - SUROBOYO iku pancen luweh uenak ambek luweh murah timbangane Bakso Endase Sapi nang nggon liyane.



Dari Saya :
Sariyadi S Kewood
tel.:08123075545
sarkewood@gmail.com
http://caksar.blogspot.com

0 komentar:

Posting Komentar

Kotak Surat

Masukkan Code ini K1-3DEB97-9 untuk berbelanja di KutuKutuBuku.com

Blog Sahabat

Google Translate
Arabic Korean Japanese Chinese Simplified Russian Portuguese
English French German Spain Italian Dutch
Adsense Indonesia Adsense Indonesia

PENCERAHAN

Ayat Lainnya KLIK DISINI

Tukeran Link

icon

Secepatnya Saya Akan Berkunjung Balik Ke Blog Anda, Jng Lupa Tinggalkan Komentar

Arsip

Tinggalkan Pesan

Godhong Garing
internet marketing